Cari Blog Ini

Kamis, Desember 22

jaya baya

JAMAN AGENG KAPING 3

            Jaman ageng ingkang kaping tiga, winastanan jaman KALI SENGARA. Tegesipun : ALAM TIRTA. Laminipun 700 taun Suryasangkala, 721 taun Candrasangkala. Ing jaman punika ing tanah Jawi katah teteruh, jawah salah mangsa, katah benawi ngalih, barkating bumi suda, ndedangu begjaning manungsa angandikakaken panarima sarta katah manugsa ingkang sami ngugemi kawruhipun piyambak-piyambak.
            JAMAN KALI SENGARA kapetang dados : SAPTA MANGGALA. Tegesipun dados pitung jaman alit. Ing dalem satunggal jaman laminipun kagerba nyatus warsa. Pratelanipun kados ing ngandap punika:
                                                                         Angka 1
JAMAN KALA JANGGA
            Ingkang rumiyin winastanan jaman Kala Jangga. Tegesipun: jaman sekar gadung. Ing jaman punika ing tanah Jawi katah tiyang ulah kaluwihan. Awit panjenenganipun Nata Adiwijaya ing Pajang, ananging dawah ing jaman saweg Adipati dumugi panjenenganipun Nata Kanjeng Panembahan Senapati ing Mataram mekasi; kaetang awit taun Suryasangkala 1401 dumugi Suryasangkala 1500 warsa. Ing taun Candrasangkala 1442 warsa dumugi Candrasangkala 1545 warsa.
                                                                         Angka 2
JAMAN KALA SEKTI
            Ingkang kaping kalih jaman Kala Sekti. Tegesipun: jaman kawasa. Ing jaman punika ing tanah Jawi katah tiyang sami ulah karosan, pikuwating ngagesang. Awit jumenenganipun Nata Ingkang Sinuhun Kanjeng Sultan Anyakrakusuma ing Mataram, sumare ing Krapyak, dumugi Ingkang sinuhun Prabu Mangkurat ingkang kaping III ing Kartasura, amekasi jaman Kala Sekti; kaetang awit taun Suryasangkala 1501 wrasa, dumugi taun Suryasangkala 1600 warsa. Ing taun Candrasangkala 1545 warsa dumugi ing taun Candrasangkala 1648 warsa.
                                                                          Angka 3
JAMAN KALA JAYA
            Ingkang kaping tiga dipun wastani jaman Kala Jaya. Tegesipun: jaman unggul. Jaman punika ing tanah Jawi sami rebat unggul. Awit jumenengipun Ingkang Sinuhun Paku Buwana ingkang kaping IV ing Surakarta; kaetang awit ing taun Siryasangkala 1601 warsa, dumugi taun Suryasangkala 1700 warsa. Ing taun Candrasangkala 1648 warsa, dumugi taun Candrasangkala 1751 warsa.
                                                                          Angka 4
JAMAN KALA BENDU
            Ingkang kaping sekawan jaman Kala Bendu. Tegesipun: jaman bebendu. Ing jaman punika ing tanah Jawi katah tiyang kataman ing bebendu. Awit panjenenganipun Nata Ingkang Sinuhun Paku Buwana kaping VI, dumugi ingkang Sinuhun Paku Buwana ingkang kaping X ing Surakarta; kaetang awit taun Suryasangkala 1701 warsa dumugi taun Suryasangkala 1800 warsa. Ing taun Candrasangkala 1751 warsa dumugi ing taun Candrasangkala 1854 warsa.
                                                                           Angka 5
JAMAN KALA SUKA
            Ingkang kaping gangsal jaman Kala Suka. Tegesipun: jaman suka. Ing jaman punika ing tanah Jawi katah tiyang pikantuk kabingahan. Awit panjenenganipun Nata Ingkang Sinuhun Kanjeng Sultan Heru Cakra ingkang kapisan, ngadaton ing Katanggapetik Madiun, salebeting wana Pudak. Turun kaping tiga, ngalih ngadaton ing Katanggacepit ing Karangbaya; kaetang ing taun Suryasangkala 1801 warsa, dumugi ing taun Suryasangkala 1900 warsa. Ing taun Candrasangkala 1854 warsa dumugi ing taun Candrasangkala 1957 warsa.
                                                                          Angka 6
JAMAN KALA SUMBAGA
            Ingkang kaping nem winastanan jaman Kala Sumbaga. Tegesipun: jaman misuwur. Ing jaman punika tanah Jawi katah lampah kuncara, boten wonten ingkang tumindak nista. Awit panjenengan Nata Ingkang Sinuhun Kanjeng Sultan Asmara Kingking ing Kediri. Turun kaping 3 ngalih ngadaton dumateng Madura, lajeng kasundul ing pulo Jawi wonten panjenengan Nata Pati tiga sami wiryanipun, boten bawah-binawah. 1. Ngadaton ing Bumi kapanasan sakilen lepen Cemara, 2 Nagadaton ing tanah Gegelang celak tanah Padang, 3 Ngadaton ing tanah Tembeleng celak pasisir Sedayu. Lajeng kasundul malih Ratu saking sabrang, saking pulo nusa Srenggi, ngadaton saler wetan ardi Indrakila sukuning ardi candramuka; kaetang awit taun Suryasangkala 1901 warsa, dumugi taun Suryasangkala 2000 warsa. Ing taun Candrasangkala 1957 dumugi taun Candrasangkala 2060 warsa.
                                                                             Angka 7
JAMAN KALA SURASA
            Ingkang kaping pitu, dipun wastani jaman Kala Surasa. Tegesipun: jaman alus. Ing jaman punika tiyang tanah Jawi sami-sami ulah rahayu Budi, ing wekasan saekapraya. Awit Panjenengan Nata Kanjeng Sultan Jitarusabra ngadaton ing Martalaya; kaetang awit ing taun Suryasangkala 2001 warsa, dumugi taun Suryasangkala 2100 warsa. Ing taun Candrasangkala 2060 warsa, dumugi taun Candrasangkala 2163 warsa.